Pangrasan
Maharani P. (18)
Thufail R. (34)
Sawijing wektu ing sawijining
sekolah yaiku ‘SMA Selalu Sehat’ ono siji bocah kang jeneng e Reinaldi.
Reinaldi iku lulusan salah sijine SMP kang terkenal apik ing kotane. Dewek e
nakal nanging cerdas nemen.
Senajana bocah e cerdas,
Reinaldi sering dicalathoni marang Ibu utawa Bapak guru amarga seragam sing
digawe ora tau rapi kaya murid-murid liyane. Dewek e ora tau kapok sanaja
dicalathoni bendina lan terus-terusan. Mungkin Bapak/Ibu guru kerasa mangkel
atine merga Aldi ora tau manut pitutur gurune.
Ing sekolah, Aldi duwe akeh
kanca lan sahabat, salah siji sahabat e yaiku Eva. Eva salah siji kanca kang
paling cedhek karo Aldi. Dina-dina, nang endi-endi dekne kabeh kudu ngloro,
seroso dunya duwekne wong loro.
Sasuwene bocah loro dadi
sahabat, Aldi mulai nduweni rasa dening Eva, Aldi lajeng mbenahi awak e dadi
luwih becik saka sadurung e kanggih narik perhatiane Eva. Eva kang ndeleng
perubahane Aldi dadi bingung lan ngiro-ngiro alasane Aldi berubah.
Reinaldi nyobi dadi biasa wae
supaya ora ndelokake perasaan e marang Eva. Dewek e terus mendem perasaane
nganti ora kerasa saktaun suwene. Nganti mubarang wektu Aldi duwe rencana
kanggo ngungkapake pangrasane. Wektu Aldi ngungkapake pangrasane, Eva dadi
kaget karo apa sing diomongake Aldi. Ora kinira, jebulna Eva nduweni pangrasan
kang podo karo Aldi.Sanajan podo-podo nduweni pangrasan sing pada, Eva lan Aldi
milih dadi sahabat apik ning karo rasa katresnan.
0 komentar:
Posting Komentar