TIMUNE FAMMI
I Made Rama P (14)
Nigel Alessandro (22)
Ing
sawijining dina Fammi lagi kena musibah amarga ketiga dawa, tegalan timune sing
subur saiki dadi resik, timune sing akeh
banget iku entek dipangan dewe amarga kepanasen. Fammi iku pancen wong tani
sing kurang pengalaman, pirang pirangane taun kepungkur Fammi mesti gagal panen
sebabe macem – macem kayata timune cebol, timune kisut, sing jarene timune
dipanggoni medi, sing paling nemen taun wingi timune kena hama komodo aceh sing
wis merantak turut endi endi . Fammi iku asline pinter banget, Fammi iku
lulusan Fakultas Kedokteran Universitas Indonesia tapi areke ora pingin dadi
dokter, Fammi mlebu FKUI kuwi dipekso wong tuwane seng pingin Fammi dadi mantri
sunat sing kondang se Jawa Bali. Bedo karo Fammi sing kurang pengalaman, Made
iku wong tani timun sing wis sukses, timune wis diekspor menyang mancanegara
contohe Malaysia, Singapura, Jepang, Korea, Amerika, lan Afrika Kidul.
Fammi
bingung piye carane ngatasi paceklik iki. Fammi nduwe niatan arep njaluk bibit
timune Made, asline Made karo Fammi iku kancane sekolah pas SMA tapi Fammi
sungkan ora gelem ngerepoti Made asline Fammi isin, yen panenane timune elek.
Fammi rencanane arep nyolong bibit timune Made bareng karo kancil sing wes
pengalaman nyolong timun dina Rabu Pon sarane Mbah Dukun ngarep omahe Fammi.
Sejatine Mbah Dukun iku bapake Made.
Fammi
eling wejangane bapake dewe dhudu bapake Made sing dadi dukun, yen urip kuwi
kudu sing jujur lan ngandalne kepinterane dewe. Fammi akhire mulai sinau tekan
pengalaman pengalamane sing gagal nandur timun, Fammi lulusan kedokteran iku
nyoba nggawe timun sing unggul karo cara rekayasa genetika. Pirang Pirangane
wulan akhire Fammi wis mulai nglakoake percobaan. Akhire 2 taun percobaan Fammi
berhasil nemokake bibit sing unggul. Bibit timune iku bakale dadi gedhe, dawa,
gampang woh, tahan hama, akeh banyune, ora gampang garing, lan ora gampang
dipanggoni medi. Fammi tapi durung nyoba nandur bibite kuwi.
Fammi
nyoba nandur bibite timun sing wes ditemokake. 3 minggu dienteni timune woh,
Fammi nggumon amarga wohe gede banget persis awake babi. Fammi seneng banget ora
karuan bengok – bengok saking senenge. Fammi wes 3 tahun dadi pengusaha timun
sukses. Kancil saiki dadi karyawane Fammi lan janji ora gelem nyolong timun
karo sandal jepit musholla maneh. Fammi wis misuwur bolak balik mlebu majalah
Forbes, oleh penghargaan muri sebab timune sing gedhe banget. Made weruh kabar
yen kancane Fammi wis sukses. Made melu seneng lan njalin kerjasama karo Fammi.
Fammi
matur suwun menyang wong tuwane amarga pepelinge ndadekake Fammi sukses
0 komentar:
Posting Komentar