Pengen Mudik
Absari Hayuning S (01)
Nurullah W (24)
Bulan Ramadhan mesti dadi
bulan sing bisa ngumpulake aku lan kaluarga-kaluargaku sing liyane. Mbah Kakung
lan Mbah Uti kuwi wong tuwa saka Bapakku lan anggota kaluarga sing paling
sepuh.
Puasa taun iki kerasa
luwih jangkep saka taun wingi amarga aku ora tau bolong puasane . Seneng bisa
puasa luwih jangkep. Aku pingin bisa cerita marang dulu-dulurku ing Jember. Aku
lahir ing Jember, nanging wayah umurku 12 taun, aku kudu pindah menyang Malang
amarga bapakku ditugasake ing Malang.
2 dina sakdurunge lebaran, atiku bungah banget
lan langsung kepikiran perjalanane mudik mengko, aku seneng banget yen wayahe
mudik amarga bisa ketemu Mbah putri lan Mbah Kakung karo ketemu sodara –
sodaraku lan bisa dolen bareng.
“Shab, mari ngene arep
buka puasa, bantuen ibu nduk” Ngendikane Ibu mbuyarno lamunanku. Aku ngampiri
Ibu lan mbantu resik – resik omah.
Singkat cerito, sesok
yaiku dina terakhir puasa, aku seneng banget aku bisa mangan manisan lan jajan
– jajan lebaran sing salah sijine jajanan favoritku yaiku nastar. Kesenenganku
kuwi banjur ilang ming sak wengi sadurunge lebaran, sakwise ngerungokake apa sing
bapak kandani marang aku. Lebaran taun – taun wingi keluargaku mesti lunga
mudik ing Jember. Nanging ora gawe taun iki.
“Pak, Bapak..” aku nyeluk Bapak
“Iyo, apa Nduk?” saut Bapak
“Bapak, dina iki kan malem takbiran, yen ngono sesuk
lebaran. Pak apa lebaran taun iki dheweke mudik?”
“Ora nduk, kene ora mudik taun iki”
“Kenopo Pak?”
"Mbah Kung lan Uti wes seda nduk, yen arep mudik,
mengko turu endi awakdewe? Yen langsung mulih bakal kesel"
"Nanging Yah”
"Wis ta nduk , saiki siapno wae gawe mene. Apa –
apa wae sing kudu digawa" Jare Bapak
Aku menyang kamar karo
lemes. Omahe Mbah Kankung lan Mbah Utiku kuwi omah sing biasane digawe kumpul
dulur-dulur pas wayahe lebaran. Sakwise Mbah Kakung lan Mbah Uti seda,
dulur-dulur wes ora ana panggon gawe kumpul-kumpul maneh. Amarga dulur-dulurku
kabeh saka kutha-kutha sing adoh saka omahe Mbah Kankung lan Mbah Uti.
Bapakku putra mbarep lanang saka MbahKakung lan Mbah
Uti, banjur omah keluargaku sing saiki dadi panggon kumpul sadulur.
Bener taun iki aku ora isa mudik. Sedih rasane ora
ngerasakna mudik marang Jember maneh. Ora iso ngerasakake macet mudik maneh.
Nanging aku tetep seneng amarga aku bisa tetep kumpul karo dulur-dulurku liyane
sanadyan wes ora ana Mbah Kakung lan Mbah Uti maneh.
0 komentar:
Posting Komentar