NESU
Fanny Rizka A (10)
Nadya Felia A (21)
Dino Sabtu pelajaran pertama ing sekolah yaiku pelajaran
seni. Pak guru ngutus ketua kelas nyatet
anggota kelompok sing wis dibagi. Sak kelompok isine bocah papat.Aku langsung milih kelompokku kaya
biasae yaiku aku , Nadya, Azizah lan Regina. Ing bab anyar iki, pak guru
ngewenehi tugas nggawe kolase saka kertas. Aku ora telaten nggawe prakarya
ngono kuwi, nanging lek digarap bareng bareng iso nggawe ati seneng.
Aku: He adhit, kelompokku tulisen yo . Aku,
Nadya , Azizah, Regina
Adhit: Loh lha Regina ora ana ngono…
Nadya: Waduh arek iku nang endi yoo..
Aku : Ora apa-apa wis dhit tulisen wae ,
mesake..
Adhit : Yo ora oleh ngono kuwi
Azizah : Yo wis dhit ora usah dicatet jenenge
Kahanan ing kelas dadi ruame amarga
bocah-bocah bingung milih kelompok. Pak guru ngomong ing ketua kelas arep
ngeprint ing koperasi sekolah. Panggone koperasi sekolah iku cedhak karo kantin
sekolah .
Pak guru : Regina,..
Kok lungguh-lungguh ora melu pelajaran
Regina : Oh pak guru (karo tangane
gemeteran)
Pak guru : Kowe bukane saiki pelajaranku seni ?
Regina : Nggih pak, pangapunten.
Kula diutus Pak Yaya fotocopy nanging tasih
ngerantos
Pak guru : Oh ya uwis, mengko lek wes bar ndang
bali menyang kelas yo
Regina : Nggih pak.
Sawise bali
menyang kelas, Regina bingung kenopo ing kelas kok ruame. Regina langsung takon
menyang Azizah.
Regina : Zah, ana apa iki kok ruame?
Azizah : Arek-arek bingung milih kelompok
Regina : Oh yowes, awakmu pasti wis nyatet
jenengku kan
Azizah : Asline maeng wis tak omongake
ketua kelas, tapi ora diolehi amarga awakmu ora ana ing kelas
Regina : ( meneng karo mbesengut )
Bel muni,
pelajaran seni wis bar. Saiki wayah pelajaran matematika. Regina tetep wae mbesengut
sampe mulih. Aku lan kanca-kanca ora wani ngomong apa-apa .
Sesoke..
Ing parkiran sepeda motor kok pas aku iki ketemu Regina , aku
iso bareng menyang kelas tapi muka e tetep mbesengut kaya wingi. Dheweke tak
sapa tapi malah ngegas banter sepedane langsung mlaku cepet-cepet menyang kelas.
Aku ngeroso serba salah..
Sawise
sampek ing kelas..
Aku : Reg, awakmu kenopo toh kok mbesengut
wae?
Regina : Ora apa-apa (njawabe karo sewot)
Azizah : Awakmu apa ngamuk ora melbu kelompoke
awakdewe?
Regina : Yo iyo tah, aku iki kan kancamu . Tapi awakmu
kabeh ora peduli karo aku
Nadya : Ora
ngono Reg, ketua kelas ora ngolehi nyatet jenenge arek sing ora ana ing kelas
Aku : Awakmu
nang endi toh Reg kok ora ana ing kelas?
Regina : Yo
awakmu kabeh kan wis eroh toh aku ora seneng pelajaran seni. Dadi aku mbolos wae
(njawabe karo nyentak)
Azizah : Yo
wis Reg sepurane yo aku karo arek- arek lali. Mengko tak nyoba ngomong maneh
marang ketua kelas.
Regina : Iyo , sesuk maneh ojo lali maneh ya
Aku, Azizah,
Nadya : Iyoo….
0 komentar:
Posting Komentar