Selasa, 20 September 2016

Ulang Tahun Nigel

Ulang Tahun Nigel

Ahmed SM (05)
Muhammad Rizky Fammy (20)
Rifqy BA (31)

             Iki cerita kancaku ing SMA 10 Malang. Arek kuwi jeneng e Nigel. Maringene bocah kuwi arep ulang tahun. Lare-lare sak keas arep ngerayak no ulang tahun e Nigel. Dadakno nigel iku lahir e barengan karo Reyhan. Pas banget seng arep ulang tahun ono loro iso traktiran nganti wareg. Nigel kuwi arek e meneng, mbanyol, pinter, gamers, lan cerdas. Biasane Nigel diarani  gendaan e Rama amarga nang endi wae mesti karo Rama.

            Lare-lare podo urunan duwit kanggo ngerayakno ulang tahun e Nigel lan Reyhan, utamane aku lan arek-arek lanang seng liyane. Rencana ne arep di tukok ne kue ulang tahun. Arek lanang e podo kumpul kanggo nggarai Nigel pas ulang tahun e. Ono seng usul yen kate ngowo tigan lan arep di cemplung no nang kolam iwak ing sekolah. Tapi Nigel rumangsa lali yen mene iku ulang tahun e.


            Mene ne, arek-arek lanang podo orang ngreken Nigel lan njaluk tulung guru kanggo nyeneni Nigel. Pas moleh e, rencana siap dilaksanaken. Arek e dijunjung nang kolam iwak terus di uncali tigan karo arek-arek. Mari iku kue ulang tahun e di serahno nang Nigel. Nigel seneng banget, ketara saka muka e amarga arek e mesam-mesem dewe. Banjur kuwi arek e traktiran nang arek lanang seng liyane.

0 komentar: