Rabu, 21 September 2016

Nigel, Naga lan Kayla

Nigel, Naga lan Kayla

Rahma Deantika (26)
RR Fiddini (32)

     Nigel Alessandro... yaiku bocah kang  ora iso ditebak. Dheweke dikenal meneng, lan jarang ngomong karo wong wadon. Miturut kanca-kancane Nigel duwe dunya dewe maksude, duwe keasyikan dewe. Padahal jare kanca-kancane Nigel iso dadi populer  yen ora terlalu meneng lan tambah kece yen kacamata ne dibuka.

     Asline Nigel pada karo manungsa liyane. Dheweke nduweni hobi lan kesenengan kang wajar-wajar ae yaiku munggah gunung. Nanging dheweke jarang ngajak kancane gawe ngelakoni hobine iku amarga dheweke rumangsa nyaman dhewean. Dheweke wes tau munggah kabeh gunung kang  ana ing daerah Malang lan sekitare kejaba siji gunung yaiku gunung Wilis kang ana ing Tulungagung. Rencanane, preian ulan ngarep iki Nigel arep munggah gunung kasebut.

     Pada karo manungsa liyane pisan Nigel seneng wong wadon, jenenge Kayla Nazzati. Nigel pertama ketemu karo Kayla iki ing gunung Bromo. Pertama ketemu Kayla nyapa Nigel karo senyum kang ramah marang Nigel. Nigel rumangsa bingung amarga ora ana apa apa kok malah di senyumi, dheweke bingung nggoleki apa ana kang salah marang awake. Sakwise iku, Nigel bolak-balik ketemu Kayla ing gunung. Suwe-suwe Nigel sadar yen Kayla iku kanca kuliah e dewe. Sadar e wektu Nigel papasan karo Kayla ing Gerbang Kampuse trus disapa karo Kayla lan dijak mlaku bareng, ndlalah kelase Nigel lan Kayla iku sebelahan. Jebulna  Nigel wes mendem perasaan saka awal ketemu karo Kayla ing Gunung Bromo, nanging Nigel ora ngerti yen Kayla iku kanca kuliahe dewe.

Preian...
     Nigel munggah  Gunung Wilis kaya rencana awale. Ing perjalanan menyang puncak, Nigel dikagetake karo swarane kewan kang kelaran ing mburi sesemakan. Nigel banjur nggoleki sumber swara kuwi. Nigel tambah kaget pas ngerti yen swara kasebut saka kewan kang Nigel dewe ora ngerti iku kewan apa. Kewan iku nggletak lemes ing lemah. Nigel awale ora wani nyedek, nanging sakwise ndeleng yen sikile kewan iku lumur getih Nigel banjur welas marang kewan kuwi. Akhire Nigel ngurungake niat e gawe lanjut menyang puncak, Nigel banjur nulungi kewan iku ngrawat sikile kang lara.

     Sampe ing omah Nigel singit-singit wedi keeruhan wong tuwane yen dhewek e mulih nggawa kewan saka gunung. Sakwise Nigel mbalut sikile kewan iku, Nigel banjur nggoleki informasi ngenani kewan kang ditemu kuwi. Akhire Nigel nemu sumber kang nyebutake ciri-ciri kang pada karo kewan iku, yaiku Naga. Awale Nigel ora percaya yen ana Naga ing dunya iki, nanging sakwise ndelok dewe Nigel mulai percaya karo anane Naga. Pirang-pirang dina Naga kuwi dirawat karo Nigel, Naga kuwi mulai pulih keadaane. Nigel nganggep Naga kuwi wis kaya kancane dewe. Ben dina Nigel curhat marang Naga ora mung masalah kuliah wae nanging masalah demenan pisan. Sanajan  curhatane Nigel ora tau ditanggepi karo Naga, Nigel ngerasa lega sakwise curhat marang Naga.

     Ing sawijing dina, Nigel curhat marang Naga kaya biyasane, dumadakno Naga nanggepi curhatane Nigel karo ngomong, “Ungkapna wae disek”. Saknalika  Nigel mencolot saking kagete weruh yen Naga kang selama iki dirawat iso ngomong. Naga terus ngewenehi saran-saran marang Nigel ben Nigel ngungkapake perasaane marang Kayla. Suwe-suwe Nigel greget lan takok, “Naga, naga.. saranmu iki apa iso tak percaya? Kok kowe iki kaya ngerti banget ngenani masalahku iki”. Naga banjur njawab “Wes talah percaya wae, aku iki wes nduweni pengalaman kang akeh yen urusan karo Naga wadon”. Nigel ngguyu kepingkel krungu jawabane Naga. “Aja ngguyu, ngene-ngene aku iki terkenal playboy ing dunya Naga”, Nigel banjur tambah ngekel.

     Akhire Nigel ngelakoni sarane Naga kuwi. Nigel ngajak Kayla mangan, nonton, mlaku-mlaku kaya kang disaranake Naga. Ananging ing saben patemon kuwi, Naga mesti mandu Nigel saka walik jakete Nigel. “Gel, tak sawang-sawang Nayla iki wis mulai kecanthol marang kowe” Jare Naga sakwise sampe omah. “Iyo ta?” Takone Nigel. “Iyo.. kepriye yen aku ora melok maneh, dadi awakmu kudu ngungkapake perasaanmu dewe. Ora tak tuntun maneh.” Jare Naga. “Tapi aku wedi yen aku grogi ing ngarep Kayla lan salah ngomong” Jare Nigel. “Iya wes tetep tak pandu wae gel, aku pisan wedi”.


     Jam 3 sore ing cafe Bar-Bar, Nigel nemoni Kayla gawe ngungkapake perasaane. Ing tengah-tengah pangguneman kang dipandu Naga, Kayla krungu kaya ana swara liya sing nututi swarane Nigel. Kayla banjur takon “Eh.. swara apa kuwi?”. “Ora ana apa-apa i” Nigel gopoh lan banjur ngelebokake tangan e menyang kesak . Tapi Kayla yakin ora salah krungu, Kayla meksa Nigel ndudui apa kang ana ing kesake. Pluk, Naga lugur saka kesake Nigel ing latar. Kayla bingung ana apa iki sakjane. Akhire Nigel jujur yen selama iki Nigel isa cedek karo Kayla iku amarga dheweke dipandu karo Naga. Nigel pasrah yen Kayla nesu lan ora isa nerima yen selama iki Nigel goro marang Kayla. Nanging, kejaba prasangkane Nigel, Kayla malah terharu krungu kejujurane Nigel. Lan Kayla jujur pisan yen dheweke wis seneng Nigel mulai awal ketemu Nigel ing Ospek kampuse. “Sakwise iku, aku banjur usaha gawe iso cedek karo kowe tapi ora iso amarga kowe arek kang meneng. Terus aku weruh saka kancamu yen hobimu kuwi munggah gunung. Aku banjur nututi kowe munggah gunung pisan arep-arep yen isa ketemu kowe ing gunung. Awal ketemu kowe ing Gunung Bromo kuwi aku seneng banget Gel” Kayla crita karo netesake eluh. Krungu crita kuwi Nigel ora bisa ngomong apa-apa maneh nanging langsung ndekep Kayla. Naga ndeleng sakarone melu seneng pisan banjur pamit marang Nigel  "matur nuwun amarga wis ngerawat aku sampe waras gel,aku wes nutugake tugasku saiki wayahe aku balik menyang dunyaku". Saknalika kabeh ruangan dadi bercahaya, Naga ngilang ning walik sinar sing padhang.

0 komentar: