Selasa, 20 September 2016

Kertas Werna Abang

Kertas Werna Abang


Gadis Azizah (11)

Puspa Ayu R (25)

            Pukul 06.45 suara bel wis kerungu banter iku tandae jam pelajaran wis arep mulai, kerungu suara sepatu gedebukan, pas lawing kebuka tibake Aldi. Aldi iki arek e sering telat, sakliyane kuwi Aldi iku duweni sifat ceria, nanging dheweke meneng meneng nggelendemi. Aldi iki nduweni sahabat jenenge Rifqi. Rifqi iki arek e loman lan duwe pawakan gede banget.

            Sawijining dina Aldi ing kelas ket teko, dheweke eruh ana Rifqi ing pojokan lagi ngitung duwek sangu e. Aldi dina iku lali nggowo sangu, lan muncul ndek pikirane gawe nduweni duwek iku, Aldi kepikiran gawe lungguh ing sebelahe Rifqi, supoyo iso nggerayahi dhuwek e Rifqi ndek njero tas e pas Rifqi merhatekake guru.

            Pas wayahe istirahat Rifqi kate njupuk dhuweke gawejajan nanging duweke ora ana. Rifqi ngeleng eleng duwek e nandi, sakiling e yo di deleh ing njero tas, terus Rifqi eleng Aldi bari lungguh ing sebelahe lan ngomong lek dheweke lali ora nggowo sangu. Nanging dheweke ora gelem gegabah amarga Aldi iku sahabat e lan ora mungkin njupuk duweke, Rifqi akhire ngomong nang wali kelas e lek kelangan duwek 100.000.


            Akhire karo wali kelas e di kongkon nggeledah tas e arek kelas siji-siji ben ora tuduh tuduhan mending langsun di golek ae. Pas nggeledah tas, kanca kanca ne podo maju nang ngarep. Celaka ne Aldi ndeleh duwek sisa ne gawe njajan mau ing njero tas lan lali njupuk amarga wes kesusu di kongkon maju nang ngarep. Pas Rifqi nggeledahi tas e Aldi, Rifqi nemu duwek seket ewu padahal mau Aldi kanda yen ora nggowo duwek amarga ke awanen. Rifqi langsung nakok nang Aldi iki duwek e sopo, Aldi bingung njawab opo soale dheweke yo ora pinter goro. Lan akhire Aldi ngaku nang guru ne lan nang Rifqi yen iku duweke Rifqi, dheweke njauk sepuro lan janji ora bakal ngulangi maneh. Aldi dewe yo ngomong iku mau dheweke khilaf. Untung e Rifqi iku arek seng ora dendam an, akhire mbek Rifqi dimaafno lan dikandani yen arep nyeleh duwek ora usah sungkan sungkan timbangan e njupuk kaya maling.

0 komentar: