“Reyhan Kang Nelangsa”
Anugrah Hyang P (08)
Reyhan Mahadika (30)
Reyhan
iku jenaka sing gurung nemokake jodho. Reyhan kuwi arek Sawojajar, lanang,
awake loyo gak neko-neko. Uripe peteng, suram, lan sunyi. Rekor murine ditolak
wadon ngalah-ngalahi Udin Gambutz.
Ing
sawijining dina, Reyhan nduweni tekad kang teguh gawe golek jodho sak onoke.
Kabeh cara dilakokake saka jungkir walik, renang ing ngliyep, shadaqah nang
masjid, nyambangi makam e Mpok Nari, sesajen bacem, lan sapanunggalane.
Sawise
kabeh cara dilakokake, Reyhan dikandhani kancane yen ana biro jodho termujarab
ing kutha Malang. Reyhan tanpa pikir dawa langsung mancal menyang omahe biro
jodho kuwi. Sampek ndek kono, Reyhan ditakoki marang biro jodho.
Biro Jodho: ”Tujuanmu
mrene pasti golek jodho.”
Reyhan: “Loh sampeyan
kok eroh ,Mas. Sakti tenan yo sampeyan”
Biro Jodho: “Sakti kan aku?”ujar mas biro jodoh mau. (iki
kan panggon biro jodho yo mesti mrene gawe golek jodho) ucape biro jodho ing
jero ati kang ngesakno marang kebodohane Reyhan.
Reyhan: “Mas, golekno aku jodho sak onoke!”
Biro Jodho: “Sik-sik tak golekno. Ing itungan 1,2,3 jodhomu
bakalan teka ndek ngarepmu.”
Reyhan: “Endi Mas?”
Biro Jodho: “Aku jodhomu, lope you!”
Reyhan: “Gak kolu, mas!”Ujar Reyhan keweden lan mblayu
kecirit-cirit dikejar marang Biro Jodho kuwi.
Sawise
seminggu tekan kedadean iku, Reyhan ngurung awake nang njero kamar. Nafsu
mangane mudun tekan telu kali dadi seperpapat kali sedina. Matane sing biasane
ngantukan dadi melekan saiki. Kanca-kancane akeh sing nyambangi lan ngejak
dolan nanging Reyhan pancet terpuruk.
Amarga stres kang numpuk, Reyhan
golek udara seger mlaku-mlaku nang CFD. Mripate Reyhan kang binar mendelengi mripate
kang endah kuwi, Wadon kuwi mendelengi Reyhan pisan. Atine kesensem marang
paras wedok kuwi lan Reyhan mesam-mesem ora jelas marang wadon kasebut (wadon
sing dimaksud kuwi artis wadon sing ono ndek stiker). Bapak-Bapak sing dodolan
stiker ngerasa prihatin lan ngewenehi stiker iku gratis marang Reyhan.
Sawise ndek omah, Reyhan nempleki
kabeh Stiker Artis Wadon mau ndek sampinge fotone. Amarga stiker koleksine wes
akeh, Reyhan titik titik wes ngelalikno kedadean kang Na’as iku lan saiki
Reyhan ngelanjutna uripe kaya biasane
0 komentar:
Posting Komentar