Selasa, 11 Oktober 2016

Nasib Sing Beruntung

Nasib sIng beruntung

Adhitya Wirawan S.P(03)
Amalia Dinda P.C (07)

Pengalaman nyenengna aku neng wektu liburan sekolah ,aku lan Adhit lunga plesiran menyang omah wong tuwa ne Adhit sing manggon neng padalarang. Aku pengen cepet tekan neng tujuan kesebut lan kita pun ngerncanake kanggo lunga mrana nggunakne siji transportasi kutha sing disebut kereta utawa sepur supaya cepet nganti tujuan .

Wektu neng dalan nuju omah e Adhit ,aku tuku oleh-oleh dhisik kanggo wong tuwa ne.
Sore kuwi wektu Aku lan Adhit tekan neng tujuan banjur nuju omahe lan wektu mlebu menyang omahe banjur salaman marang wong tuwa ne sing wis nunggu neng omah lan kami banjur menehake oleh-oleh sing mau tak tuku neng ndalan. Aku lan Adhit kancaku banjur leren dhisik sadhela lan nginum segelas teh sing digawe saka banyu adhem.
 
Sakwise cukup ngaso, Adhit ngejak menyang sawah duwe keluargane lan neng kana aku menikmati pemandangan alam sing becik apike, amarga udara ne isih sejuk lan hamparan sawahan isih amba lan kali-kali ugo banyune isih bening. Aku rumangsa ora sia sia amarga wis neng ajak Adhit kanggo berlibur menyang desa ne kuwi.

Wektu sore maghrib, Aku lan Adhit banjur age-age kanggo bali mulih. Lan kami ora lali kanggo berpamitan marang wong tuwane Adhit.


Wektu arep mulih menyang omah, aku nuju stasiun dhisik kanggo tuku tiket kereta. Wektu awak dewe ngantri kanggo tuku siji tiket jebulna dompete Adhit ilang amarga kecopetan. Adhit binggung amarga ora ana meneh dhuwit sing turah neng sak e lan dheweke ora bisa tuku tiket, lan ora adoh saka stasiun kereta kuwi aku nggoleki dompet Adhit dhisik sing mbok menawa tiba neng cedhak stasiun .

Jebulna ,dompet kanca aku wis ditemokake lan isine ugo tetap wutuh, untung wae ora ana barang sing ilang. Dompet kanca ku tiba amarga kanca ku ora bener ngleboke dompete menjero sak celana. Lan kami banjur bali ngantri kanggo tuku tiket kereta.

Ora suwe banjur kereta teka lan kami age-age kanggo munggah menyang kereta kesebut, sanganti neng stasiun bandung, kami teras numpak bis umun meneh kanggo nyedhak antara mulih menyang omah, sakwise nganti neng ngarep dalan gedhe sing cedhak karo omah dewe-dewe, kami pun misah kanggo mulih menyang omah.

0 komentar: