Momon
Adinda Rulyta (04)
Shabrina Y.I. (33)
Fanny nduweni kucing sing jenenge Momon. Saben mulih saka sekolah Momon
lan Fannyt dolan bareng ing latar omah. Wayah e maem , wayah sinau Fanny mesti
dikancani karo Momon. Sadurunge ana Momon, Fanny ora nduweni kanca utawa dulur.
Mung ana bapak lan ibune sing ora mesti ing omah.
Kaya dino iki, ibu lan bapake Fanny budhal menyang Jakarta. Ora mung
sepisan, winginane dheweke ditinggal kerjo ana Sumatera. Bisa wae amarga kuwi
wong tuwane numbasne kucing kanggo Fanny.
Amarga dino iki omah e Fanny sepi Fanny akhire dolan menyang MOG karo
kaca kancane. Arep mlebu parkiran dheweke kelingan ora nggowo STNK. Akhire
Fanny bali nang omah. STNK wis ana, Fanny langsung nyusul kancane sing wis
dolanan. Suwe dolan. Suwe dolan nganti lali wayah Fanny tekan omah jam 9 bengi.
Amarga kekeselen dheweke langsung turu, padahal Momon durung mangan sedinoan. Sesuk
esuk e Fanny kedladhapan budhal sekolah, dheweke kerinan.
Tugas ing sekolah e Fanny akeh nemen, saben pelajaran mesti ana tugas.
Akhire sawise mulih sekolah Fanny nggarap tugas ing omah e kancane nganti mulih
bengi maneh kaya wingi. Dheweke lali yen Momon gurung diwenehi mangan 2 dina.
Dina iki dina minggu Fanny prei, wayahe dolan karo Momon. Biasane Momon
wis ngeong lan playon, nanging Momon turu lemes. Akhire Fanny nggowo Momon
menyang dokter karo ngebut. Fanny kepethuk dokter lan dikandani yen Momon kuwi
keluwen lan stress amarga ditinggali.
Nganti Momon waras, Fanny ora tau ninggal Momon dewean. Mangane Momon
pisan yo ora tau telat. Akhire Momon waras lan sawise kejadian iki Fanny ora
tau ninggal Momon dewe.
0 komentar:
Posting Komentar