Selasa, 20 September 2016

Kejutan Sing Gagal

KEJUTAN SING GAGAL


Immanuella P (15)
Rebecca A (27)


Ing dina sabtu Lila, Fitri, lan Dini kelingan ulang taun e Tika, kanca sakdulinane. Akhire mulih sekolah arek telu iku ngumpul ing omahe Dini, dheweke ngrembugake kejutan marang Tika. Ing dina minggu, 3 lare iku nglumpuk ing omahe Dini maneh, amarga nyiapake kejutan apa wae sing arep diwenehake marang Tika. Rencanane yaiku Lila, Fitri, lan Dini teka menyang omahe Tika karo nggowo kue lan kado.

Lila lan Dini wes siap lan arep budhal menyang omahe Tika, nanging Fitri ora teka-teka lan Lila kelingan yen Tika isih metu karo ibune, mlaku-mlaku menyang pasar minggu. Akhire Dini ngehubungi Fitri lan takon menyang tika lewat sms, apa Tika ana ing omah opo ora. Ngeten iki isi sms e:
      Saka : Dini
“Tik, awakmu ana ing omah opo ora?”
      Lan jawabane Tika,
“Maringene din, sido njupuk buku matematika ta?”
      Balesane Dini marang Tika,
“Fit, ayo ndang mrene. Aku lan Lila arepe budhal menyang omah Tika, ojo lali nggowo kue lan kado gawe Tika”

Sawise sms iku terkirim, Dini sektas weruh yen dheweke salah kirim sms yen kudune marang Fitri malah marang Tika. Dheweke nyesel lan njaluk sepuro marang Lila lan Fitri sawise dheweke teka. Tika sing dikirim sms iku ora mbales. Lila, Fitri, lan Dini mung pasrah lan berharap Tika during buka sms salah kirim saka Dini.

Sakwise arek-arek iku teko ing omahe Tika, dheweke celuk-celuk Tika supaya Tika metu. Sakwise Tika metu, dheweke mung bisa ngguyu amarga wes eruh rencana kejutan kanca-kancane. Nanging amarga Tika wes eruh, ibune Tika wes nyiapake dhaharan lan ngombean gawe syukuran cilik ulang taun e Tika.

0 komentar: