Selasa, 20 September 2016

Arti Tresna

ARTI TRESNA

Kholilatul U (17) 

Nurlaili S (23)

Sawijing dina ana remaja umure 17 taun, nduwe jeneng Regina dheweke kelas 12 SMA. Pas budhal menyang sekolah dheweke ketemu Fanny, kanca sakelase. Ing dalan Fanny takon pr marang Regina. Ing kelas Regina iku dikenal rajin lan disiplin. Ora salah yen kabeh kanca kelase mesti takon pr marang dheweke. Ora suwe bocah loro kuwi sampe kelas lan lungguh ing bangkune dewe dewe. Bel muni iku tandane pelajaran diwiwiti. Saksuwene ing sekolah akhire bel mulih muni. Kabeh murid pada dhisik-dhisikan metu sekolah.
Sesuke pas pelajaran pertama guru melbu kelas karo murid anyar. Murid anyar iku banjur ngenalake dheweke ing ngarep kelas. Dumadakna jenenge Hendry, Hendry pindahan saka Surabaya. Sakwise kuwi Hendry lungguh ing bangku kosong sisihe Renaldi, Renaldi kuwi arek sing di dhemeni Regina mulai kelas 11. Ora suwe Hendry lan Renaldi wis dadi kanca akrab.
Wes suwe sekolah ing kono, Hendry nduwe rasa marang kanca sakelase yaiku Tika. Ing sawijining dina Hendry nekat nyatakake perasaane marang Tika. “Tik, aku tresna marang kowe, apa kowe gelem nrima aku?” kahanan kelas langsung meneng, kabeh pada melongo ngrungokake Hendry ngomong kuwi. kanca sakelase muji dheweke. ‘Kapan ya ana sing nembak aku?’ batine Regina. Iseng-iseng Regina nggolek pangertene tresna iku apa ing google tapi tetep wae Regina ora ngerti maksude.
Akhire Regina takon marang Fanny, Fanny njawab “kowe kudu ngerasaake dewe yen pingin ngerti artine.” Ngrungokake jawabane Fanny, Regina sek tetep ora ngerti amarga Regina iku remaja sing kutu buku, penampilane sederhana ora kaya arek jaman saiki. Akhire Fanny lan salah siji kanca sakelase yaiku Nadya mutusake gawe ngerubah penampilane Regina. Dheweke kabeh ngajak Regina menyang salon gawe ngerapekake rambute.
Sesuke wektu Regina sampe ing sekolah, kabeh wong melongo ora percaya yen iku Regina. Kabeh guru ya pangling pisan ngira yen Regina iku murid anyar. Mulih sekolah Renaldi sing di dhemeni Regina nyedhaki dheweke, dheweke takon langsung marang Regina “Apa bener iki kowe Regina?” jare Renaldi. “Pancen iki aku Regina sing biasane diceluk kutu buku.” “Tapi aku ora percaya yen iki kowe, aku ora maneh ndeleng wajahmu sing lugu iku, oh iya kenapa kowe dadi berubah penampilan kaya ngene? Aku luwih seneng kowe sing biyen sing sederhana.” Jare Renaldi.
“Kenapa kowe luwih seneng aku sing biyen tinimbang aku sing saiki? Tapi kanca-kanca luwih seneng aku sing saikitinimbang aku sing biyen?” pitakon Regina. “Amarga dekne kabeh ndeleng kowe mek saka njabane, yen aku ndeleng kowe saka njero. Aku ora ndeleng kowe saka penampilanmu, tapi aku ndeleng kowe apa anane kaya biyen sing natural.” Jare Renaldi. “kenapa kowe takon koyo ngono?” takon Regina. Tapi Renaldi langsung ninggalake Regina tanpa njawab pitakone. Ing omah Regina ana kepinginan ngerubah penampilane kaya biyen.
Sesuke ing kelas kanca-kanca ndeleng dheweke karo dandanan naturale. Pirang jam sakwise iku Fanny lan Nadya kaget amarga ndeleng Regina ngubah tampilane maneh. Dekne kabeh takon “Kenapa kowe ngubah penampilanmu maneh?”, “Aku sadar yen kita kudu yakin karo dheweke dewe, ora perlu isin karo dandanan kita sabendinane” jare Regina.
Mulih sekolah wektu Regina mlaku karo Fanny lan Nadya, dumadakan Renaldi ngampiri dheweke kabeh “nah, kaya ngene dandanan sing tak dhemeni” jare Renaldi. “Cieee, koyoke ana sing kate nembak ikiii” terus Fanny lan Nadya ngece “Oh iyo Di, kowe during njawab pitakonku, apa maksudmu ngomong koyo ngono wingi?” takon Regina.
Renaldi njawab “Hmm, gelem a kowe dadi pacarku, aku wis suwe tresna marang kowe lan aku luwih seneng dandananmu sing natural kaya ngene”. “uuuh so sweet” Fanny lan Nadya ngece. “Iya tak trima, kowe sing wis ndadekna aku sadar, yen kita kudu bersyukur karo dandanan sing wis gawe kita nyaman” jare Regina.

Bengine Regina nulis Diary, “Saiki aku wis ngerti apa sing dimaksud tresna, senajan kita maca buku sing akeh sabendina, kita ora bakal ngerti yen kita ora ngalami dewe.” Akhire Regina bahagia lan bungah.

0 komentar: