Kanca
Azizah Tri N (09)
Regina Ridha A (28)
SMA
N 10 Malang, salah sijisekolah negeri ing kutha Malang. Sekolah kanggo nimba
ilmu siswa SMA ing Malang. Sekolah iku ora mengkono wiyar. Tapi sekolah iku
isih layak lan nyaman kanggo tempat sinau.
Semester
keloro wes dimulai, saiki kabeh murid sekolah mulai kegiatan belajar mengajar
maneh sawise preian. Ora suwi suwi waktu kag dibutuhake kanggo nyesuaike diri,
kajaba siswa anyar siji iki. Jenenge Regina Ridha Ananda tekan pindahan sekolah
liya.
Kaya
biasane, ing dina pertamane sekolah guru pelajaran pertama ngongkon dheweke
perkenalan ing ngarep kelas. Dheweke mung nyebutake jenenge lan asal sekolahe
wae. Alasane pindah yaiku amarga pekerjaan wong tuane sing kudu pindah pindah
kota. Sawise perkenalan, Regina lunggu ing bangku sebelahe siswa berkacamata
lan berkrudung.
“Hai,
aku Azizah” ucap siswa berkrudung iku mau. Regina mung angguk-angguk wae.
Dheweke ora bermaksud ngabaiake Azizah, nanging sifate sing pendiam kuwi nggarai
sikape kaya ngono. Azizah wes nyoba ngajak Regina ngobrol, nanging Regina mung
njawab nggawe bahasa tubuh wae. Akhire Azizah menghentikan niate gawe koncoan
karo Regina, Azizah wedi menawi sikape nggannggu Regina..
Wes
seminggu berlalu nanging keadaane ora berubah. Azizah isih berusaha ngajak
ngobrol Regina, nanging Regina isih kaya ngono, ora ngomong opo-opo. Azizah
sing ngerasa kesal iku curhat menyang Nadya lan Fanny. Nadya lan Fanny pancen
kanca cedeke Azizah, dheweke ora sungkan cerita apa wae menyang Fanny lan Nadya
iki. Azizah cerita yen Regina iku arek sing meneng, angel diajak ngomong, cuek.
Akhire Fanny lan Nadya mbantu Azizah supaya Regina iso terbuka.
Akeh
cara sing dilakoake Fanny, Nadya, lan Azizah. Mulai tekan ngajak nang kantin
bareng lan liya liyane, nanging dheweke ora gelem. Sampai akhire ana tugas
kelompok sing kudu dikerjakane berempat. Regina setuju, nanging Regina ora tau
berpendapat. Fanny waktu iku sing dadi ketua kelopoke mung menehi pembagian
tugas gawe Regina. Regina mung ngerjakake tugase wae, ora diskusiaken dhisik
menyang kelompoke. Fanny nyoba negur, nanging Regina wes ngerampungake bagian
tugase, dadi selama tugase wes dirampungne Fanny ora keberatan.
Wis
seminggu lebih mereka ora iso nggawe Regina terbuka. Sampai akhirnya mereka
bertiga ngerencanaake gawe negur Regina. Sesuke pas pulang sekolah mereka mencegah
Regina pulang dhisik sampai kelas sepi. Sawise kelas sepi, merekapun mulai
menegur Regina.
“Heh, awakmu yen diajak ngomong kok gak
tau njawab seh?!”
“Awake kan wes baik a nang awakmu”
“Awakmu gak seneng a karo awake dewe”
Mereka bergatian
ngomong karo Regina. Nanging Regina mung meneng wae. Dheweke nyoba ngabaine
mereka bertiga dengan metu tekan kelas. Nanging Regina ditahan.
“Kok awakmu nyuekin awake se?!”
“Awake salah apa nang awakmu?”
“Jawab a!!!”
Mereka bertiga
nyoba nggawe Regina mau njawab pitakone.
“awakmu gak gelem koncoan karo awake?”
“Ya” Regina nyentak
“Kenapa?” pitakone bertiga
bareng-bareng. Mereka kaget lan kesal amarga mereka ora salah apa-apa nanging
wes dimusuhi karo Regina.
“Wes sore, aku pingin moleh” jawab
Regina karo nunduake kepalane.
“Jawaben sek pertayaane awake iki” ucape
Azizah karo nyekel tangane Regina, nanging Regina cepat-cepat menepisnya.
“Awakmu kok jahat seh...” ucap Fanny
kecewa. Dengan matane sing berkaca-kaca akhire Regina mau bercerita.
“Percuma aku duwe konco yen gak suwi
maneh aku bakal pindah maneh, bakal ninggalno kalian, bakalan gak ngobrol
ngobrol maneh. Engko yo kalian bakal ngelupain aku padha kaya kanca-kancaku
sadurunge.”
Suasanane dadi hening. Nanging
keheningan iku mau pecah amarga ucapane Azizah
“awake gak bakal ngelupain awakmu”
“Iyo, kan ana medsos. Awake iso ngobrol
ngobrol ing medsos kuwi” tambah Fanny
“kanca-kancaku kabeh padha ngomong
ngono. Tapi iku mung waacana wae.” Jawab Regina
“Awak e janji ora bakal kaya ngono. ”
ucap Nadya
“yen awake kaya ngono, hajar ae awake.” Tambah
Nadya karo bercanda.
Fanny, Azizah, Regina lan Nadya ketawa.
“swuwun yo rek” ucap Regina. Pas iku
pertama kaline Regina nunjukake seyumane. Sesuke Regina mulai ngerubah sikape,
dheweke dadi lebih terbuka lan cerita macem-macem menyang kanca kancane.
Nanging dheweke tetep dadi Regina sing pendiam.
0 komentar:
Posting Komentar