• Pengertian Madu
  • Cara Mengganti Slider

Kamis, 29 September 2016

Pangrasan

Pangrasan

Maharani P. (18)
Thufail R. (34)

Sawijing wektu ing sawijining sekolah yaiku ‘SMA Selalu Sehat’ ono siji bocah kang jeneng e Reinaldi. Reinaldi iku lulusan salah sijine SMP kang terkenal apik ing kotane. Dewek e nakal nanging cerdas nemen.
Senajana bocah e cerdas, Reinaldi sering dicalathoni marang Ibu utawa Bapak guru amarga seragam sing digawe ora tau rapi kaya murid-murid liyane. Dewek e ora tau kapok sanaja dicalathoni bendina lan terus-terusan. Mungkin Bapak/Ibu guru kerasa mangkel atine merga Aldi ora tau manut pitutur gurune.
Ing sekolah, Aldi duwe akeh kanca lan sahabat, salah siji sahabat e yaiku Eva. Eva salah siji kanca kang paling cedhek karo Aldi. Dina-dina, nang endi-endi dekne kabeh kudu ngloro, seroso dunya duwekne wong loro.
Sasuwene bocah loro dadi sahabat, Aldi mulai nduweni rasa dening Eva, Aldi lajeng mbenahi awak e dadi luwih becik saka sadurung e kanggih narik perhatiane Eva. Eva kang ndeleng perubahane Aldi dadi bingung lan ngiro-ngiro alasane Aldi berubah.
Reinaldi nyobi dadi biasa wae supaya ora ndelokake perasaan e marang Eva. Dewek e terus mendem perasaane nganti ora kerasa saktaun suwene. Nganti mubarang wektu Aldi duwe rencana kanggo ngungkapake pangrasane. Wektu Aldi ngungkapake pangrasane, Eva dadi kaget karo apa sing diomongake Aldi. Ora kinira, jebulna Eva nduweni pangrasan kang podo karo Aldi.Sanajan podo-podo nduweni pangrasan sing pada, Eva lan Aldi milih dadi sahabat apik ning karo rasa katresnan.



Rabu, 28 September 2016

Rabu, 21 September 2016

Nigel, Naga lan Kayla

Nigel, Naga lan Kayla

Rahma Deantika (26)
RR Fiddini (32)

     Nigel Alessandro... yaiku bocah kang  ora iso ditebak. Dheweke dikenal meneng, lan jarang ngomong karo wong wadon. Miturut kanca-kancane Nigel duwe dunya dewe maksude, duwe keasyikan dewe. Padahal jare kanca-kancane Nigel iso dadi populer  yen ora terlalu meneng lan tambah kece yen kacamata ne dibuka.

     Asline Nigel pada karo manungsa liyane. Dheweke nduweni hobi lan kesenengan kang wajar-wajar ae yaiku munggah gunung. Nanging dheweke jarang ngajak kancane gawe ngelakoni hobine iku amarga dheweke rumangsa nyaman dhewean. Dheweke wes tau munggah kabeh gunung kang  ana ing daerah Malang lan sekitare kejaba siji gunung yaiku gunung Wilis kang ana ing Tulungagung. Rencanane, preian ulan ngarep iki Nigel arep munggah gunung kasebut.

     Pada karo manungsa liyane pisan Nigel seneng wong wadon, jenenge Kayla Nazzati. Nigel pertama ketemu karo Kayla iki ing gunung Bromo. Pertama ketemu Kayla nyapa Nigel karo senyum kang ramah marang Nigel. Nigel rumangsa bingung amarga ora ana apa apa kok malah di senyumi, dheweke bingung nggoleki apa ana kang salah marang awake. Sakwise iku, Nigel bolak-balik ketemu Kayla ing gunung. Suwe-suwe Nigel sadar yen Kayla iku kanca kuliah e dewe. Sadar e wektu Nigel papasan karo Kayla ing Gerbang Kampuse trus disapa karo Kayla lan dijak mlaku bareng, ndlalah kelase Nigel lan Kayla iku sebelahan. Jebulna  Nigel wes mendem perasaan saka awal ketemu karo Kayla ing Gunung Bromo, nanging Nigel ora ngerti yen Kayla iku kanca kuliahe dewe.

Preian...
     Nigel munggah  Gunung Wilis kaya rencana awale. Ing perjalanan menyang puncak, Nigel dikagetake karo swarane kewan kang kelaran ing mburi sesemakan. Nigel banjur nggoleki sumber swara kuwi. Nigel tambah kaget pas ngerti yen swara kasebut saka kewan kang Nigel dewe ora ngerti iku kewan apa. Kewan iku nggletak lemes ing lemah. Nigel awale ora wani nyedek, nanging sakwise ndeleng yen sikile kewan iku lumur getih Nigel banjur welas marang kewan kuwi. Akhire Nigel ngurungake niat e gawe lanjut menyang puncak, Nigel banjur nulungi kewan iku ngrawat sikile kang lara.

     Sampe ing omah Nigel singit-singit wedi keeruhan wong tuwane yen dhewek e mulih nggawa kewan saka gunung. Sakwise Nigel mbalut sikile kewan iku, Nigel banjur nggoleki informasi ngenani kewan kang ditemu kuwi. Akhire Nigel nemu sumber kang nyebutake ciri-ciri kang pada karo kewan iku, yaiku Naga. Awale Nigel ora percaya yen ana Naga ing dunya iki, nanging sakwise ndelok dewe Nigel mulai percaya karo anane Naga. Pirang-pirang dina Naga kuwi dirawat karo Nigel, Naga kuwi mulai pulih keadaane. Nigel nganggep Naga kuwi wis kaya kancane dewe. Ben dina Nigel curhat marang Naga ora mung masalah kuliah wae nanging masalah demenan pisan. Sanajan  curhatane Nigel ora tau ditanggepi karo Naga, Nigel ngerasa lega sakwise curhat marang Naga.

     Ing sawijing dina, Nigel curhat marang Naga kaya biyasane, dumadakno Naga nanggepi curhatane Nigel karo ngomong, “Ungkapna wae disek”. Saknalika  Nigel mencolot saking kagete weruh yen Naga kang selama iki dirawat iso ngomong. Naga terus ngewenehi saran-saran marang Nigel ben Nigel ngungkapake perasaane marang Kayla. Suwe-suwe Nigel greget lan takok, “Naga, naga.. saranmu iki apa iso tak percaya? Kok kowe iki kaya ngerti banget ngenani masalahku iki”. Naga banjur njawab “Wes talah percaya wae, aku iki wes nduweni pengalaman kang akeh yen urusan karo Naga wadon”. Nigel ngguyu kepingkel krungu jawabane Naga. “Aja ngguyu, ngene-ngene aku iki terkenal playboy ing dunya Naga”, Nigel banjur tambah ngekel.

     Akhire Nigel ngelakoni sarane Naga kuwi. Nigel ngajak Kayla mangan, nonton, mlaku-mlaku kaya kang disaranake Naga. Ananging ing saben patemon kuwi, Naga mesti mandu Nigel saka walik jakete Nigel. “Gel, tak sawang-sawang Nayla iki wis mulai kecanthol marang kowe” Jare Naga sakwise sampe omah. “Iyo ta?” Takone Nigel. “Iyo.. kepriye yen aku ora melok maneh, dadi awakmu kudu ngungkapake perasaanmu dewe. Ora tak tuntun maneh.” Jare Naga. “Tapi aku wedi yen aku grogi ing ngarep Kayla lan salah ngomong” Jare Nigel. “Iya wes tetep tak pandu wae gel, aku pisan wedi”.


     Jam 3 sore ing cafe Bar-Bar, Nigel nemoni Kayla gawe ngungkapake perasaane. Ing tengah-tengah pangguneman kang dipandu Naga, Kayla krungu kaya ana swara liya sing nututi swarane Nigel. Kayla banjur takon “Eh.. swara apa kuwi?”. “Ora ana apa-apa i” Nigel gopoh lan banjur ngelebokake tangan e menyang kesak . Tapi Kayla yakin ora salah krungu, Kayla meksa Nigel ndudui apa kang ana ing kesake. Pluk, Naga lugur saka kesake Nigel ing latar. Kayla bingung ana apa iki sakjane. Akhire Nigel jujur yen selama iki Nigel isa cedek karo Kayla iku amarga dheweke dipandu karo Naga. Nigel pasrah yen Kayla nesu lan ora isa nerima yen selama iki Nigel goro marang Kayla. Nanging, kejaba prasangkane Nigel, Kayla malah terharu krungu kejujurane Nigel. Lan Kayla jujur pisan yen dheweke wis seneng Nigel mulai awal ketemu Nigel ing Ospek kampuse. “Sakwise iku, aku banjur usaha gawe iso cedek karo kowe tapi ora iso amarga kowe arek kang meneng. Terus aku weruh saka kancamu yen hobimu kuwi munggah gunung. Aku banjur nututi kowe munggah gunung pisan arep-arep yen isa ketemu kowe ing gunung. Awal ketemu kowe ing Gunung Bromo kuwi aku seneng banget Gel” Kayla crita karo netesake eluh. Krungu crita kuwi Nigel ora bisa ngomong apa-apa maneh nanging langsung ndekep Kayla. Naga ndeleng sakarone melu seneng pisan banjur pamit marang Nigel  "matur nuwun amarga wis ngerawat aku sampe waras gel,aku wes nutugake tugasku saiki wayahe aku balik menyang dunyaku". Saknalika kabeh ruangan dadi bercahaya, Naga ngilang ning walik sinar sing padhang.

Kanca

Kanca
Azizah Tri N (09)
Regina Ridha A (28)

            SMA N 10 Malang, salah sijisekolah negeri ing kutha Malang. Sekolah kanggo nimba ilmu siswa SMA ing Malang. Sekolah iku ora mengkono wiyar. Tapi sekolah iku isih layak lan nyaman kanggo tempat sinau.

            Semester keloro wes dimulai, saiki kabeh murid sekolah mulai kegiatan belajar mengajar maneh sawise preian. Ora suwi suwi waktu kag dibutuhake kanggo nyesuaike diri, kajaba siswa anyar siji iki. Jenenge Regina Ridha Ananda tekan pindahan sekolah liya.

            Kaya biasane, ing dina pertamane sekolah guru pelajaran pertama ngongkon dheweke perkenalan ing ngarep kelas. Dheweke mung nyebutake jenenge lan asal sekolahe wae. Alasane pindah yaiku amarga pekerjaan wong tuane sing kudu pindah pindah kota. Sawise perkenalan, Regina lunggu ing bangku sebelahe siswa berkacamata lan berkrudung.

            “Hai, aku Azizah” ucap siswa berkrudung iku mau. Regina mung angguk-angguk wae. Dheweke ora bermaksud ngabaiake Azizah, nanging sifate sing pendiam kuwi nggarai sikape kaya ngono. Azizah wes nyoba ngajak Regina ngobrol, nanging Regina mung njawab nggawe bahasa tubuh wae. Akhire Azizah menghentikan niate gawe koncoan karo Regina, Azizah wedi menawi sikape nggannggu Regina..

            Wes seminggu berlalu nanging keadaane ora berubah. Azizah isih berusaha ngajak ngobrol Regina, nanging Regina isih kaya ngono, ora ngomong opo-opo. Azizah sing ngerasa kesal iku curhat menyang Nadya lan Fanny. Nadya lan Fanny pancen kanca cedeke Azizah, dheweke ora sungkan cerita apa wae menyang Fanny lan Nadya iki. Azizah cerita yen Regina iku arek sing meneng, angel diajak ngomong, cuek. Akhire Fanny lan Nadya mbantu Azizah supaya Regina iso terbuka.

            Akeh cara sing dilakoake Fanny, Nadya, lan Azizah. Mulai tekan ngajak nang kantin bareng lan liya liyane, nanging dheweke ora gelem. Sampai akhire ana tugas kelompok sing kudu dikerjakane berempat. Regina setuju, nanging Regina ora tau berpendapat. Fanny waktu iku sing dadi ketua kelopoke mung menehi pembagian tugas gawe Regina. Regina mung ngerjakake tugase wae, ora diskusiaken dhisik menyang kelompoke. Fanny nyoba negur, nanging Regina wes ngerampungake bagian tugase, dadi selama tugase wes dirampungne Fanny ora keberatan.

            Wis seminggu lebih mereka ora iso nggawe Regina terbuka. Sampai akhirnya mereka bertiga ngerencanaake gawe negur Regina. Sesuke pas pulang sekolah mereka mencegah Regina pulang dhisik sampai kelas sepi. Sawise kelas sepi, merekapun mulai menegur Regina.
“Heh, awakmu yen diajak ngomong kok gak tau njawab seh?!”
“Awake kan wes baik a nang awakmu”
“Awakmu gak seneng a karo awake dewe”

Mereka bergatian ngomong karo Regina. Nanging Regina mung meneng wae. Dheweke nyoba ngabaine mereka bertiga dengan metu tekan kelas. Nanging Regina ditahan.
“Kok awakmu nyuekin awake se?!”
“Awake salah apa nang awakmu?”
“Jawab a!!!”

Mereka bertiga nyoba nggawe Regina mau njawab pitakone.
“awakmu gak gelem koncoan karo awake?”
“Ya” Regina nyentak
“Kenapa?” pitakone bertiga bareng-bareng. Mereka kaget lan kesal amarga mereka ora salah apa-apa nanging wes dimusuhi karo Regina.
“Wes sore, aku pingin moleh” jawab Regina karo nunduake kepalane.
“Jawaben sek pertayaane awake iki” ucape Azizah karo nyekel tangane Regina, nanging Regina cepat-cepat menepisnya.
“Awakmu kok jahat seh...” ucap Fanny kecewa. Dengan matane sing berkaca-kaca akhire Regina mau bercerita.
“Percuma aku duwe konco yen gak suwi maneh aku bakal pindah maneh, bakal ninggalno kalian, bakalan gak ngobrol ngobrol maneh. Engko yo kalian bakal ngelupain aku padha kaya kanca-kancaku sadurunge.”
Suasanane dadi hening. Nanging keheningan iku mau pecah amarga ucapane Azizah
“awake gak bakal ngelupain awakmu”
“Iyo, kan ana medsos. Awake iso ngobrol ngobrol ing medsos kuwi” tambah Fanny
“kanca-kancaku kabeh padha ngomong ngono. Tapi iku mung waacana wae.” Jawab Regina
“Awak e janji ora bakal kaya ngono. ” ucap Nadya
“yen awake kaya ngono, hajar ae awake.” Tambah Nadya karo bercanda.
Fanny, Azizah, Regina lan Nadya ketawa.

“swuwun yo rek” ucap Regina. Pas iku pertama kaline Regina nunjukake seyumane. Sesuke Regina mulai ngerubah sikape, dheweke dadi lebih terbuka lan cerita macem-macem menyang kanca kancane. Nanging dheweke tetep dadi Regina sing pendiam.

Selasa, 20 September 2016

Ulang Tahun Nigel

Ulang Tahun Nigel

Ahmed SM (05)
Muhammad Rizky Fammy (20)
Rifqy BA (31)

             Iki cerita kancaku ing SMA 10 Malang. Arek kuwi jeneng e Nigel. Maringene bocah kuwi arep ulang tahun. Lare-lare sak keas arep ngerayak no ulang tahun e Nigel. Dadakno nigel iku lahir e barengan karo Reyhan. Pas banget seng arep ulang tahun ono loro iso traktiran nganti wareg. Nigel kuwi arek e meneng, mbanyol, pinter, gamers, lan cerdas. Biasane Nigel diarani  gendaan e Rama amarga nang endi wae mesti karo Rama.

            Lare-lare podo urunan duwit kanggo ngerayakno ulang tahun e Nigel lan Reyhan, utamane aku lan arek-arek lanang seng liyane. Rencana ne arep di tukok ne kue ulang tahun. Arek lanang e podo kumpul kanggo nggarai Nigel pas ulang tahun e. Ono seng usul yen kate ngowo tigan lan arep di cemplung no nang kolam iwak ing sekolah. Tapi Nigel rumangsa lali yen mene iku ulang tahun e.


            Mene ne, arek-arek lanang podo orang ngreken Nigel lan njaluk tulung guru kanggo nyeneni Nigel. Pas moleh e, rencana siap dilaksanaken. Arek e dijunjung nang kolam iwak terus di uncali tigan karo arek-arek. Mari iku kue ulang tahun e di serahno nang Nigel. Nigel seneng banget, ketara saka muka e amarga arek e mesam-mesem dewe. Banjur kuwi arek e traktiran nang arek lanang seng liyane.

Reyhan Kang Nelangsa

“Reyhan Kang Nelangsa”

Anugrah Hyang P (08)
Reyhan Mahadika (30)

                Reyhan iku jenaka sing gurung nemokake jodho. Reyhan kuwi arek Sawojajar, lanang, awake loyo gak neko-neko. Uripe peteng, suram, lan sunyi. Rekor murine ditolak wadon ngalah-ngalahi Udin Gambutz.

                Ing sawijining dina, Reyhan nduweni tekad kang teguh gawe golek jodho sak onoke. Kabeh cara dilakokake saka jungkir walik, renang ing ngliyep, shadaqah nang masjid, nyambangi makam e Mpok Nari, sesajen bacem, lan sapanunggalane.

                Sawise kabeh cara dilakokake, Reyhan dikandhani kancane yen ana biro jodho termujarab ing kutha Malang. Reyhan tanpa pikir dawa langsung mancal menyang omahe biro jodho kuwi. Sampek ndek kono, Reyhan ditakoki marang biro jodho.

Biro Jodho:  ”Tujuanmu mrene pasti golek jodho.”

Reyhan:  “Loh sampeyan kok eroh ,Mas. Sakti tenan yo sampeyan”

Biro Jodho: “Sakti kan aku?”ujar mas biro jodoh mau. (iki kan panggon biro jodho yo mesti mrene gawe golek jodho) ucape biro jodho ing jero ati kang ngesakno marang kebodohane Reyhan.

Reyhan: “Mas, golekno aku jodho sak onoke!”
Biro Jodho: “Sik-sik tak golekno. Ing itungan 1,2,3 jodhomu bakalan teka ndek ngarepmu.”

Reyhan: “Endi Mas?”

Biro Jodho: “Aku jodhomu, lope you!”

Reyhan: “Gak kolu, mas!”Ujar Reyhan keweden lan mblayu kecirit-cirit dikejar marang Biro Jodho kuwi.

                Sawise seminggu tekan kedadean iku, Reyhan ngurung awake nang njero kamar. Nafsu mangane mudun tekan telu kali dadi seperpapat kali sedina. Matane sing biasane ngantukan dadi melekan saiki. Kanca-kancane akeh sing nyambangi lan ngejak dolan nanging Reyhan pancet terpuruk.
               
Amarga stres kang numpuk, Reyhan golek udara seger mlaku-mlaku nang CFD. Mripate Reyhan kang binar mendelengi mripate kang endah kuwi, Wadon kuwi mendelengi Reyhan pisan. Atine kesensem marang paras wedok kuwi lan Reyhan mesam-mesem ora jelas marang wadon kasebut (wadon sing dimaksud kuwi artis wadon sing ono ndek stiker). Bapak-Bapak sing dodolan stiker ngerasa prihatin lan ngewenehi stiker iku gratis marang Reyhan.

Sawise ndek omah, Reyhan nempleki kabeh Stiker Artis Wadon mau ndek sampinge fotone. Amarga stiker koleksine wes akeh, Reyhan titik titik wes ngelalikno kedadean kang Na’as iku lan saiki Reyhan ngelanjutna uripe kaya biasane