Selasa, 11 Oktober 2016

Kerja Rikat

KERJA RIKAT


Adelyn M.H.T / 02
Vania Jolie C/35

Ana gadis jenenge Fanny Rizka Atiningtyas, celukane Fanny. Dheweke melu bapake nang Malang amarga beda kedinasan, sahingga musthi pindah sekolah. Akhire, Fanny sekolah ing SMA Negeri 10 Malang.
Dina iku dina Senin. Sakmarine upacara, Fanny diaterake guru BK nang kelase sing anyar. Murid-murid padha kaget amarga ana murid anyar sing ora terduga. Fanny ayu rupane, kulite kuning langsat, rambute lurus kaya artise iklan shampoo, lan senyume manis banget. Kabeh arek lanang ing kelas padha sorak rame nggudo Fanny.
“Ass. Wrb. Kula Fanny pindahan saka SMA Cahaya Jakarta merganing Bapak kula pindah kedinasan. Kula pindah sakeluarga, saiki tinggal ing Perum Sulfat Agung Blok. D/9 No. 8 Pandanlandung, Wagir. Kula nduweni hobi nyanyi lan nonton film. Mugi-mugi kita sedaya bias dadi konco apik yo. Matur nuwun,”
Sawise perkenalan, Fanny lungguh ing mburine Dicta. Durung sempat kenalan, Fanny wis nangkep yen Dicta iku kayata “primadona” ing kelas. Dicta nduwe kulit sing putih mulus, rambute ikal ngombak, lan badane tinggi langsing. Mulane Fanny minder lan sungkan ngajak kenalan, nanging akhire Fanny berani ngajak Dicta kenalan dhisik kanthi akhire kalorone dadi kaca cidhek.
Sawise sak wulan Fanny sekolah ing SMAN 10 Malang, kala Agustus iku ana lomba nyanyi sing diadakno sekolah kanggo mengeti hari kemerdekaan Indonesia. Fanny lan Dicta padha ndaftar lomba kasebut amarga kalorone seneng banget nyanyi. Tahap seleksi siji, loro, lan telu wis dilalui kanthi akhire kalorone padha lolos nang babak selanjute yaiku semifinal. Pas semifinal rupane Fanny lan Dicta ora lolos bareng. Wektu iku Dicta lara tenggorokane amarga kecapekan. Sahingga pas seleksi semifinal suarane Dicta ora bagus kaya biasane akhire Dicta ora bisa lolos ke babak selanjute, yaiku final.
                Ing  babak final Fanny ketemu karo Cika, arek kelas sebelah sing suarane uga apik banget. Nanging sayange Cika iku arek sing ora bisa nerima lapang dada. Cika ora bisa nerima hadire Fanny dadi saingane ing babak final. Cika paham banget yen suarane Fanny bisa ngalahno dheweke amarga padha apike. Akhire Cika ora jujur. Cika ora ngandani Fanny yen dina iku ana seleksi final.
                Fanny ora ana persiapan gawe seleksi final dina iku. Dicta sing denger kabar yen dina iku ana seleksi final langsung ngandani Fanny. Katimbang didiskualifikasi, Fanny tetep melu seleksi final. Dheweke yakin bisa lolos.
                Cika sing eruh Fanny tetep melu  seleksi seneng banget amarga Fanny ora persiapan. Cika yakin musthi dheweke sing menang. Seleksi final dimulai kanthi mari, tibake Allah ngijino Fanny sing menang. Cika kaget setengah mati amarga dudu dheke sing menang. Juri pada ngevaluasi. Nyatane Cika mau nyanyi kesemangaten, nganthi ora sadar ana nadane sing mbleot.

                Cika akhire sadar ora bener dheweke ora jujur. Ora bener dheweke pingin Fanny ora lolos. Cika yakin Fanny ncen berbakat, ora salah juri netapno Fanny dadi pemenange. Cika nyuwun sepura marang Fanny lan akhire gelem ndukung Fanny ben bisa sukses acara nyanyine pas hari kemerdekaan Indonesia.

0 komentar: